Jumat, 17 Mei 2013

Merapi Mei 2012



 
(kostumku :D)
(sarapan dal rumiyin bung!!)
Limo Mei Rongewu rolas, dino Setu sore persiapan arep ndaki Merapi. Sing SMK kelas telu wis do rampungan UAN dadi selo tur longgar wektune, mulane gawe agenda ndaki Merapi. Jane wis suwe pengen ndaki tapi rung kelakon. Iki pendakian pertama karo anak-anak. Sing melu SMK kelas telu ono Fiin, Paryanto, Hamka, Fauzan, ditambah Waheni ro Hendi. Persiapane sederhana banget tur opo anane, jan opo anane tenan. Pokok e nggo jaket ro katok dowo, anggepe wis cukup. Logistik yo mung slondok, roti ro mi instan. Ora mikir makan pindo po ping telu nang kono. Aku dewe nggo sweater rangkep jaket jeans, katok cardinal, sepatu voli, syal, sarung tangan kain ro slimut polar. Raono sing nggowo matras utowo tikar.

 
(berlindung dari hujan dulu :)
(mau berangkat ndaki masih aja ujan)


Bar magrib menyang seko panti asuhan terus nang ngomahe waheni, aku cenglu nggo WIN 100 ku. Tekan nggon waheni sarapan dalu sik, karo mi :D

Terus langsung meluncur nang selo liwat klakah, aku cenglu juga. Tekan New SELo sekitar jam songo nan pas udan deres tambah kabut. Akhire leren sik nang new selo, ungtunge entu ruangan kios kosong dadi ra pati katisen, wis adem angine banter tambah udan ro kabut, pooolll ademe.
Sekitar jam setengah siji bengi gek rodo terang, tapi tetep kabut ro grimis akhire nekat menyang ndaki. Jalaran kabut ro udan tur mbengi dadi aku ra pati ngematke dalane, pokok e aku mburi dewe trus ngetutke ngarepku. Akhire sekitar jam setengah papat tekan goa sakdurunge watu gajah. Ngeyup ro ngaso sik, weteng yo ngelih tur katisen. 
 
gua berlindung

masak dulu, lapeeerrrr

Pemandangan seko kene apik juga pas mbengi, lampu-lampu kuto solotigo keton apik.
 
pemandangan malam dari atas

lampu2 kota nampak cantik

Sekitar subuh perjalanan diteruske, dalane wis bedo. Wis raono wit gede trus watu-watu kabeh sak dawane perjalanan. Mlaku sekitar setengah jam akhire tekan pasar bubrah. Kahanan wis padang, sekitar jam setengah enem esuk. Nah nang pasar bubrah menimati pemandangan sik, merbabu ketok apik. Tapi sayange kerep ono kabut dadi ketok sedelok trus ketutup maneh. 
sekitar pasar bubrah

setelah pasar bubrah
 
Lebar pasar bubrah trek ke rodo horor, yoiku ngrayap pasir tekan nduwur. Wis, walhasil malah do plorotan. Nang kene hendi ra wani munggah maneh, trimo nunggu nang ngisor malahan.
passsiiirrr

Lebar pasir iku watu-watu lereng ro pereng. Horrroooorr pokok e....ndadak climbingmbarang malah.
panjat tebing ini mah

Tapi akhire aku iso melu summit tekan puncak ndelok langsung kawah merapi, iki brati satu setengah tahun bar erupsi 2010. Kawahe dadi ombo banget, krowak ngarah nang klaten. Nang nduwur raiso suwe-suwe,disamping adem yo nggone nyemelangi, soale wis raono sing datar maneh amargo erupsi.

muncak juga akhirnya :D

Akhire trus mudun bablasan tekan ngisor. Nah pas mudun ini akhire podo mencar-mencar, ono sing ndisik ono sing keri. Aku dewe termasuk tengahan. Sikilku wis sengkleh tenan je....
Bali langsung turu :D

Kamis, 16 Mei 2013

Merapi #1


(merapi didelok seko cedak ngomahku, apik to :D)

Merapi ki panganan opo to??
Gunung iku nda, arep mbok pangan!!

Asline Merapi ki yo ra duwur-duwur mbanget, nak dibandingke Sindoro, Sumbing, Slamet, Lawu utowo Merbabu iseh kalah duwur. Duwure mung telungewu kurang wolongpuluhsongo alias rongewu sangangatus sewelas metes seko lumahing segoro (nak bingung le moco iki tulisane ongko (2911dpl). Tapi Merapi ketok duwur banget soale madeg dewe, dadi ketok nglancir nyolok moto (jleb, kyaaaa..:D).
(New Selo, Pos Pendakian Merapi)

Tapi sing dadi sebab Merapi dadi faforit pendakian iku jalaran seka crito-crito lan mitos-mitos, opo maneh Merapi lumayan pamor tumrap gunung berapi nang Indonesia, malah disebut nde mos aktif vulkano mon (gunung berapi sing paling sregep :D). Trus lokasine yo setrategis, Merapi diapit patang kabupaten lan rong propinsi. Kabupatene yoiku Magelang, Boyolali, Klaten lan Sleman, trus propinsine jawa tengah ro ngayojokarto, Ngerti dewe to? Ngayojokarto kan kuto pelajar, mulo akeh pelajar sing podo tumeko seka pelosok Indonesia. Trus mahasiswa utowo pelajar-pelajar iku mau nak kegiatan alam khususe mendaki meski do milih merapi utowo merbabu.mulane dadi pamor lan terkenal. Iki sing diarani “posisi menentukan prestasi” hahahaha...
(Pemandangan seka nduwur merpai pas mbengi)
Teruske dab ndobose,,, dadi intine saiki Merapi wes dadi aikon utowo maskot tumrap pendaki-pendaki daerah Ngayojokarto lan sekitare. Mulo urung marem rasane nak urung iso summit nang Merapi (maksude numpak i pucuk e gunung Merapi). Asline ndaki Merapi ki termasuk ora susah banget, jalur ora dowo tur dalane lumayan penak (sak penak-penake ndaki yo tetep marakke sengkleh nda...). biasane sing ndaki Merapi ki do model langsung muncak. Dadi cukup sewengi sedino utowo ono sing rong ndino sewengi. Sing angel ki lebar pasar bubrah, jalure wis ra jelas we watu-watu atos we ratemoto (yen ditoto brati arep mbangun omah kuwi dab!!! Trus watu ki mesti atos goblok!). trus arep muncak yo kudu mbrangkang rambatan pasir, mlorat mlorot lan keglundungan watu iku wis resikone. Nah, yen puncak e mbiyen ono lahan rodo jembar, tapi saki wis ilang (puncak garuda maksude). Saiki nang nduwur wis raiso nyante, soale langsung kawah.
 (Iki Pasar Bubrah, bubrah tenan to???)
Pemandangan nang Merapi apik e pol, seko Merapi iso ndelok Merbabu, Sumbing, Sindoro, Lawu, telomoyo kanti ceto, opo maneh pas cuacane cerah. 
 (Iki Merbabu seka Merapi,,,jossss)
Nah, kanggo konco-konco sing rung tau ndaki Merapi tak saranke ndaki, tapi kudu ngati-ati yo??... trus sing arep njajal ndaki utowo pemula, Merapi termasuk rekomendet lah menurutku, cocok kanggo latihan lan pengenalan mendaki gunung. Jalur pendakian paling familiar lewat nyu selo (New Selo) nang Selo Boyolali, lokasine tengah-tengah Merapi ro Merbabu. Liyane aku ra ngerti,hehehe
 (nah, iki lebar pasar bubrah, pasir ro krakal...mrosat mrosot ae....)
Ndobeose wis disik, kesel le ngetik aku. Nak kowe gelem ngetik ke yo mrene :D :D :D
 *mugo-mugo manfangat 
(Ini dia kawah Merapi) 

Mulanya Suka Camping #1

(iki foto pas mendampingi murid-muridku kemah, dudu aku sing kemah,hehe...)


 Katresnan iku jalaran seka Kulinan
Aku dudu pecinta alam, aku yo ora melu lembaga pecinta alam utowo kelompok-kelompok pecinta alam, opo maneh mahasiswa pecinta alam wong aku dudu mahasiswa, hahaha.... sing jelas tur ceto aku seneng dolan, lelungan, jelajah, ndaki lan sak piturute, intine kegiatan lan aktipitas luar ruangan utowo bahasa kerene (kere ra kopen po??!!) kegiatan otdor (iki tulisane ra nggenah tenan -_-) termasuk adus nang njobo juga :D.

Awale... aku wis lali juga awale piye mbiyen, wong sak elingku aku ki mbiyen paling males nak dikon kemah. Latian pramuka wae aku muales tenan, opo maneh nak materine tali temali,,,,wesss ngantek bundet tali ro mataku -_- urung ngedekke tendo, gawe tandu utowo dragbar trus sing paling nyebahi bin njelehi iku sandi-sandi....wesss trimo ndundung (bali) aku....

Tapi mbuh, kiro-kiro pas aku MTs (aku sekolah Aliyah ora ndadak SMP, soale MTs...wkwkwk) sekolahku nganakke kemah nang daerah Godean ngulon arah Kulong Progo, DSY (Daerah Spesial Yogyakarta). Le kemah ki nak ra salah patang dino... wes jan, rekoso tenan rek!! Bayangno wae, kelompokku ora ono sing iso masak, jane aku iso masak, tapi gara-gara awakku cilik trus minder yo aku ra entuk jatah masak. Soale nak masak ki brati ora melu kegiatan, mung jogo tendo, penak to???? Tapi aku ratau jogo, melu kegiatan terus...seko upacara, balis berbaris, lomba-lomba, widegame, jurit mbengi lan sak piturute pokok e melu kabeh. Raiku nganti nglotok, kulitku gosong, sikilku burik en, pokok e awak ajur tenan...trus sak wene kemah iku aku ora ngising jal, bayangno wae patang ndino ora ngising... -_-

Tapi justru lebar kemah sing marakke sengsoro iku aku malah mulai bosen karo kegiatan-kegiatan sing monoton nang ruangan. Trus aku yo bersyukur, justru gara-gara aku ra tau entuk jatah jogo tendo, aku malah dadi ngerti pengetahuan-pengetahuan sing sak durunge aku rung ngerti. Jajal aku aku trimo mung jogo tendo trus masak nggo kelmpokku, iso-iso aku yo mung iso masak ra tambah ilmune to??!! :D nah wiwit iku aku mulai seneng dolan, tapi aku tetep ra seneng tali-temali ro sandi-sandi...hehehe

*le ndobos tak teruske sesuk, wis kesel le ngetik aku :P